29/05/2026
Novel Jawa
Restorasi
Tepising Mursal
(51)
dening Jebe
"Baper kuwi apa ta, Ndhuk? Bapak wis tuwa ora ngerti basa ngono kuwi. Apa panganan saka beras ketan diiseni srondeng kae?" Pak Suradi isin diwadani anake gawan.
"Leres," saute Lastri ngece. "Kadi lemperipun Mak Siyem, ha ha," ujare ngece bapake sing jare ujare kandha seneng klawan bakul lemper wetan omah aran Siyem.
"Aja dianggep omongane tangga, ora ana apa-apa aku karo wonge," sumaure bapake krana isin diece. "Wis arep dibuntel ae kok dadak arep neka-neka."
"Mboten napa-napa lo, Pak. Tresna niku mboten mandhang yuswa. Enem, sepuh, saged kemawon kasandhangan rasa tresna. Kula kinten langkung prayogi bapak kersa krama melih. Rak ya ngono ta, Dhik?" takone marang Solehudin sing melu gumuyu krungu caturane mbakyu lan bapake.
"Bener, Mbak. Bisa nduwe adhik maneh awake dhewe," Solehudin melu gojegan.
"Ra lucu!" Pak Suradi mlengos nesu. Ora suwe, nuli melu gumuyu. Senajan rada isin dikonangi anake anggone seneng marang Mak Siyem, ning jroning ati satemene bungah kaya bocah jaka cilik sing dikonangi seneng marang bocah wadon ngana kae. "Wis, ra sah dibakas kuwi, saiki balik iku mau wae. Wis nduwe calon apa durung awakmu, Sol?" takone marang anake sing pulisi. "Yen wis ana, omonga bapak. Dakdhodhoge korine, dakkinange jambe suruhe. Dakjaluke kenya mau kanggo mantuku. Bapakmu ora kabotan kok yen kokongkon ngembun-mbun enjang ajejawah sonten!"
"Wah, kok kados Pak Sartono emce kemawon basa panjenengan ta, Pak?" godhane Solehudin marang bapake. "Jane niku napa ta, tegese? Kula asring kepireng, nanging estu dereng mudheng?"
"Mbun-mbun enjang, iku embun isuk, jenenge uwun. Udan sore iku arane rarab, iku mono wangsalan, Le. Surasane wangsalan mau, badhe disuwun arep dirabi utawa dilamar."
"Wis, mboten mudheng blas kula, Pak."
"Yen mbakyumu mesthine mudheng wangsalan ngene iki. Ana cakepan tembang-tembang sindhen mblader kok," ujare wong tuwa lanang mau. "Weruh apa ora, Ndhuk?" Tangane njawil Lastri sing lungguh cedhak dheweke.
"Mudheng kula namung balung janur lan klapa mudha, Pak. Balung janur niku sada, klapa mudha niku degan. Usadana lan leganana niku ulihane. Rak ngaten ta?" wuwuse sindhen campursari mau.
Gayeng banget jejagongan ing antarane bapak lan anak dina iku. Pak Suradi wola-wali gumuyu marem nduweni anak sing rumaket lan gati banget marang wong tuwane lanang. Senajan ta Lastri mung anak gawane sing wadon, nanging ora mantra-mantra yen iku dudu anake dhewe rumakete marang bapake. Wong lanang sing biyen mursale sasat wis ngepol mau rumangsa begja banget. Begja isih diwenehi panjang umur lan nemoni endahing rasa nduweni kaluwarga sing padha-padha rumangsa anduweni siji lan sijine. Apa maneh, ora ketang sesasi pisan Raras anak patutane karo Rukmi, mesthi ngajak Kabib bojone menyang Bendo kono saprelu tilik kasugengane bapake. Wus meh jangkeb rasa kemaremane Pak Suradi.
Sejatine kurang siji. Ana siji maneh pepenginane sing durung kasembadan. Senajan yen manut pranatan ora nerak ukum negara lan agama, nanging mungguhe Pak Suradi ora bakal kelakone. Wong tuwa mau sadhar, ora ana pepenginan bakal kabeh bisa kasembadan. Kasil siji bakal thukul maneh pepenginan liyane. Yen ta kasil, bakal tuwuh maneh krana dheweke iku titahing Gusti aran manungsa sing kadunungan napsu. Lamun ora pinter-pinter anggone mekeg hawa napsune bakal ana wae pepenginan liyane senajan saisine donya iki wis diduweni.
Apa maneh pepenginane siji iki magepokan klawan sengsarane liyan. Bisane kelakon bakal gawe pinggete atine liyan. Pak Suradi ora pengin gawe gela apa maneh sengsarane Rouse. Dikayangapa, bakal gawe kuciwane wanita mau yen pepenginane mau kudu dilaksanani. Ora ana jamake wanita kanthi lila-legawa dimaru. Lila sing lanang wayuh. Pak Suradi mudheng babagan iki. Mula pepenginane nyawijekake Jarot lan Lastri ora bakal dilaksanake masiya ing antarane bocah loro padha senenge. Apa maneh saiki Lastri wis bisa nrima nasib sing kudu dilakoni. Masiya dheweke kudu urip mangkono, nanging ora ngrasa ana sing kurang. Bisa gumuyu seneng, bisa ngrasakake urip padha dene wong sing jangkeb tanpa winatesan.
"Layak ta, layak. Prenjake kawit isuk mau nggancer ana wit pelem ra uwis-uwis. Jebul arep ana dhayoh adoh mara ta?" guneme Pak Suradi mapag Rouse sing mrono dhewekan. "Kok, ijen, Jarot ana ngendi?"
"Setor iwak iki mau, Pak. Seminggu sepisan setor iwak hias nyang Jakarta." Sumaure Rouse sinambi mapanake bokonge lungguh ana kursi ruwang tamu pas sandhing Lastri. "Apa lodhang iki mau?" takone marang sindhen iku.
"Wulan Sela, Mbak. Ora ana sing nduwe kajat. Dadi ya sepi," ujare Lastri sinambi tangane ngrangkul Rouse sing ana sandhinge. "Saiki rada lemu sampeyan?"
"Ayem atine iku yen ngono," clemonge Pak Suradi supaya gayeng.
Rouse kaya pakulinane biyen ora basa karo Pak Suradi sumaur, "Ora ayem gek ya sing dipikir apa? Wong urip mung kari nglakoni wae kok digawe susah ta, Pak?"
"Sing susah iku tandhane ora gelem nrima. Isih ngangsa-angsa kuwi."
"Kaya aku biyen ya, Pak? Ha ha. Lehku mburu Jarot nganti niba tangi. Saiki wis ora, Pak. Bah-bahna kono. Pokok mulih barange isih utuh, ha ha," cluluke Rouse entheng.
"Lek mulih kari separo piye, Mbak?" gojege Lastri.
"Hus, kaya wis tau nyekel wae awakmu, Dhik?"
Geeeerrr, kabeh padha gumuyu ana kono.
"Disambung ontong ya, Mbak," Solehudin melu nimpali omongan sing nyrempet saru.
"Wis, aja dibacutake. Wetengku kaku engko kemekelen." Rouse banjur mbenakake lungguhe supaya pantes lan sinawang temenan saiki. Nuli ngomong, "Sepisan, anggonku mrene mau pengin silaturahmi, kapindho mangkene ya, Dhik," sinambi ngrangkul Lastri. "Aku tulungana!"
"Pira, Mbak? Pokok ora akeh-akeh, ana kok," sumaure entheng.
"Kok pira ta? Aku ora arep nyilih dhuwit. Ning arep njaluk tulung awakmu."
"Kapan kuwi? Pokok ora pas ana sing wis calang, mesthi budhal aku."
"Sapa ta sing arep nanggap campursari?" Rouse katon bingung arep blaka. "Aku arep njaluk tulung tenan karo kowe. Slametna aku! Slametna uripku! Aja kotogake aku bali dadi kaya biyen! Aku pengin urip kaya aku saiki. Yen ora kotulungi ... aku bisa-bisa bali kaya biyen, Dhik." Ujare memelas. Kaya bocah cilik lagi ngrimuk ibune supaya dituruti penjaluke.
Nanging Lastri ora weruh. Ora mudheng apa sing dikarepake Rouse dheweke supaya nulungi. "Nulungi kanggo apa ta, Mbak? Aku kok bingung iki?" krana bingung apa karepe.
Ana candhake
Tepising Mursal
(52)
Dening Jebe
Rouse mingsetake bokong supaya luwih cedhak lungguhe klawan Lastri. Dicekel tangane kiwa nganggo tangan loro nuli ditempelake pas wetenge karo kandha, "Lemah iki wis gathak, ora bakal bisa thukul yen ta ditanduri. Kamangka wong tuwane pak tani sing rina wengi macul lan ngolah lemah ngarep-ngarep ana tetanduran sing thukul ana kono pinangka sarat bisane anake isih diolehi nggarap lemah. Yen ora," mandheg sedhela nyawang praupane Lastri sing dumadakan abang ireng krana mudheng omongane, "bakal ditinggal klekar lemah iki. Iku perjanjene pak tani klawan wong tuwa mau."
Lastri pana banget apa sing dikarepake Rouse lemah, pak tani, lan wong tuwa iku sapa. Mesthine pak tani mau Jarot, lan wong tuwa mau Mbok Siti simboke. Nanging, kanggo apa Rouse ngongkon dheweke supaya aweh pitulungan? Lastri durung dimangerteni. Apa ateges dheweke bakal dijaluki tulung supaya gelem didadekake lemah kanggo nyebar winihe Jarot? Lastri ora pengin ngumbar angen-angen masiya ana rasa seneng jroning ati. Dikayangapa rasa senenge marang wong lanang mau isih ana lan ora bakal ilang selawase urip. Mung jeneng Jarot sing kinukir ana atine. Ora bakal bisa kena disulihi jeneng liya.
Nanging prawan wuta mau ora bisa nampa ngono wae yen ta bener apa pangirane lamun bojone Jarot pengin dheweke bakal didadekake mbok enom. Lastri uga wanita. Wanita sing jangkeb sapangrasane wanita. Kaya mokal banget ana bojo wadon lila sing lanang wayuh. Kaya ora tinemu nalar. Lastri pancen durung tau rabi, nanging dheweke wola-wali krungu panggresahe wong wadon sing weruh bojone nduweni gendhakan. Sing lanang nduweni gendhakan wae wis kaya ngono nelangsane, apa maneh yen nduwe bojo enom? Apa ora luwih nggrantes? "Aku ora mudheng, apa sing koomongake iku, Mbak," guneme Lastri goroh.
"Hmmm," guneme Rouse nyawang Lastri sing mlolo. "Wis dakbadhe. Sing kawetu gunemmu mesthi iku."
Lastri kacipuhan krungu Rouse ngomong mangkono. Tangan sing ditempelake wetenge Rouse kanthi alon ditariik. Tanpa noleh, tangan mau nuli dislendhangake ana gulune wanita sing ana sandhinge. "Apa jal, yen sapeyan weruh?" Kanthi mesem sing dipeksa. Eseman sing digawe-gawe supaya suwasanane ora sepaneng. Ora kaku ngececer. "Yen bener, ncen awakmu kaya dhukun wae, he he," bacute guyone.
"Pangiramu ora tinemu nalar ta?"
"Apane?" takone Lastri pacak ora mudheng maneh.
"Ya wis lah, yen ngono. Saupama awakmu kabotan, nyapa aku meksa," ujare Rouse tangane nglukari rangkulane Lastri.
"Ora pengin weruh pawadanku?"
"Aku wis bisa mbadhe kaya sing wis dakomongake," sumaure Rouse katon yakin.
"Pancen apa ya ana wong wadon lila bojone wayuh mung krana pengin nduwe anak?" clemonge Lastri.
"Rak tenan ta," guneme Rouse. "Saupama wong wadon mau tata lair eklas, nanging yen ta nggegem endhog pas aweh pasarujukan, ndhog mau mateng kegawa panase ati. Ngono ta?" ujare Rouse walaka.
"Sampeyan dhewe sing ngomong lo, dudu aku?" timpale Lastri.
"Kanggo Jarot, aku lila. Tresna butuh pangurbanan. Jer aku isih diwenehi panggon ngiyup masiya mung sapecak jembare papan mau, aku lila. Ngengehana aku kanggo ngiyup ana kono. Murih sirahku ora kepanggang panase srengenge panguripan sing ngenthang-ngenthang. Aku isih pengin nyawang endahing sorot mripate Jarot. Isih pengin nembang dhandhanggula, asmarandana, sadurunge tembang pocung. Senajan mung sapada, aku pengin sadurunge tembang megatruh tinembangake, krungu eloke tembang pangkur saka Jarot. Bareng-bareng awakmu leladi marang dheweke, ngarakit prau lelumban ing samodra panguripan. Prau siji, nakodhane siji. Tinumpakan sakaluwarga. Jarot, aku, awakmu, lan anak-anakmu sing mesthi wae bakal dadi anakku uga. Ana kono awake dhewe bareng-bareng nantang ombak sing sedya nggulung, gegondhel cagak layar yen ta ana lesus. Ngreksa rineksan siji lan sijine kanthi pangrasa padha. Pangrasa padha anduweni. Saupama dijiwit siji, karasa kabeh larane. Iku pepenginanku."
"Boiyuh!" clemonge Lastri. "Nyastra uga sampeyan, Mbak. Kaya Lik Yani, Panggul panggurit kondhang kae."
Sing diwadani kluget-kluget isin. Njiwit lengene Lastri, "Kadohaaaan, Lik Yani sing gedhe dhuwur endhek methekel kae ta?"
"Isa nglawak barang sampeyan. Salang lek gedhe dhuwur, kok endhek methekel ki piye nalare?" timpalane Lastri gojegan.
"Ya, ya. Walikane ya? Ning yen ngaku ngono lo piyantune," aloke Rouse. "Piye awakmu" Nanting Lastri.
"Keprungu endah Mbak. Saupama bisa kelakon tenan, endah banget. Aku dhewe bisa mbayangake kayangapa endahe kalamun kelakon, nanging..." Meneng sedhela unjal ambegan. "Sepurane, aku kapeksa ora saguh nglakoni!" ujare Lastri.
Ana candhake
Restorasi
Tepising Mursal
(53)
dening Jebe
Lemes awake Rouse sanalika krungu sumaure Lastri. Apa sing diangen-angen saka omah jebul mleset adoh. Wis digelar-digulung anggone arep nari Lastri supaya dadi bojone Jarot wis suwe banget. Wis dilimbang-limbang kanthi njlimet untung rugine lan prekara liya sing dadi pawadan anggone arep nari wanita mau. Rouse yakin bakal ora kabotan, nanging jebule adoh klawan pangirane. "Aku sing luput, Dhik Las. Jebul kaladuk anggonku njupuk dudutan. Dudutan sing ora samesthine. Dhuh Gusti! Mugiya paring pangapunten dhateng awak kula ingkang sampun kumawantun ngreremeh sesami titah." Rouse nyeka mripate sing wis kaca-kaca tandha eluh bakal tumetes. "Pancen kudune aku ora sembrana. Sapa iku, sukune apa, agamane apa, winatesan apa ora? Mesthi manungsa kabeh nduweni drajat padha. Tinitahake dening Gusti kang padha senajan sebutane seje. Ora kena ngreremeh sepadhane dupeh wong mau anduweni kakurangan, winatesan uripe. Kok ya aku ora mikir tekan semono. Njajal saupama Dhik Lastri iku ora winatesan, apa ya aku wani nari?" guneme Rouse surasane getun. "Mung krana wedimu kelangan bojo wae njur nyepelekake liyan sing kokanggep mesthi bakal nampa krana wong mau winatesan awake. Lali yen wong mau ora beda kaya awakmu. Nduweni hak sing padha jroning uripe. Ora pantes awakmu Rous! Patrapmu ora luwih kaya wong sing kumalungkung, sulap marang kapinterane, ngrasa dhiri sing wus paling sembarangane. Seneng aweh pambiji marang liyan. Sing ngisin-ngisini Rous," guneme Rouse marang awake dhewe. "Pa kokira Dhik Lastri iku dudu manungsa kaya awakmu? Sing gampang kokatur krana nduweni kakurangan? Pengung tenan awakmu, Rous!" Rouse akire nangis ana pangkone Lastri. "Ngapuranen aku, Dhik! Aku lagi sadhar saiki."
Solehudin lan Pak Suradi tumekane ora wani melu umbal suwara. Mung ngrungokake anggone kekarone rembugan babagan kang wigati banget manut panemune wong sakloron. Babar-pisan datan wani sumela atur yen ta ora dijaluki panemu. Iki babagan rasa. Babagan pangrasa atine wanita. Kekarone jejere wong lanang. Ora bakalan bisa mangerteni pangrasane wanita. Mengko wae yen Rouse wis mungkur lan yen Lastri njaluk panemu marang kekarone pinangka wong tuwa lan adhik, Pak Suradi lan Solehudin klungsu-klungsu bakal aweh pamrayoga kepriye apike. Yen ta saiki kudu melu-melu ngomong, ana rasa was sumelang bakal salang surup kedadeyane.
"Bener, Mbak. Aturmu mau pancen bener. Ora mung awakmu sing salah, aku uga luput." Tangane Lastri ngelus-elus rambute Rouse. "Mung atase wong cacad wae dadak kemlinthi. Dirabi wong waras jangkeb, kok ya ora gelem. Golekane sing piye? Kudune sokur ana sing ngarepi. Ora malah semangkeyan. Kurang apa Jarot? Bojone uga wis menehi lampu ijo. Isih kurang apa?" Ditangekake sirahe Rouse saka pangkone. "Jujur ... aku nduweni rasa seneng marang Jarot, Mbak. Merga iku aku ora saguh dadi bojo enome."
"Kok ngono?" takone Rouse sawise bali lungguh.
"Aku wedi dosa gedhe," ujare Lastri.
"Dosa krana apa?"
"Ora ana jamake wong tresna tanpa butarepan. Cemburu lan katresnan iku gandheng-cenenge rumaket banget."
"Maksudmu?"
"Aku wedi, tresnaku lan tresnamu sing padha-padha gedhene marang Jarot malah bisa dadi mala. Dadi udun sing samangsa-mangsa bakal mecah dadi mala. Aku wedi, Mbak. Aku ora pengin gawe gelane wong liya mung krana napsuku pengin nduweni dheweke. Aku ora bisa. Aja kokgawa aku ana praumu. Prau nakodhane siji layare loro. Yen maruta sing nampeg saarah pancen ora mbebayani. Kalamangsane ana udan angin banter, ana lesus. Nakodhane bakal bingung. Layar endi sing kudu dicekel supaya ora ambruk, lan sing endi sing kudu dilulun supaya ora ngebot-eboti lan mung gawe prau gogreh. Aku wedi, Mbak."
"Aku lila dadi layar sing bakal dilulun. Aku wis marem kok, sadurunge udan angin mau dumadi saora-orane aku bisa ana kono. Melu ngitung babon jengkelong sing kala-kala mumbul sawetara mendelep maneh, sinambi ndedonga muga-muga ora ana mendhung sing angendanu sing bisa nekakake udan angin."
"Apa ya bakal selawase bisa?"
"Aku bisa ndonga. Ndedonga mring Gusti. Nyapa wedi? Aja nyepelekake aku, Las! Aku nduweni Gusti Pangeran. Gusti Allah sing Maha Welas Asih. Iku sing takagul-agulake."
Lastri kebentel omongan Rouse. "Wis ngene wae, Mbak. Aku pengin calon nakhodha dhewe sing ngomong sineksenan awakmu lan ibune. Yen saka dheweke aku ora kabotan. Lamaren aku. Ana omah kene. Supaya njaluk aku marang bapak. Iku wae."
"Apa?" Pak Suradi kaget. "Siti kokongkon mrene? Apa aku ora salah krungu?" Katon wedi wong lanang mau bakal kepethuk Mbok Siti wanita sing tau dirudapeksa nalika jaman isih narayana.
Ana candhake
Restorasi
Tepising Mursal
(54)
dening Jebe
Ora mung Pak Suradi wae sing kaget kadya kinentup kalajengking, Rouse uga mangkono. Sababe anggone kagyat padha, ewuh pakewuh marang Mbok Siti sing kudu nglamar Lastri kanggo anake. Senajan sababe padha, nanging beda masalahe. Maratuwane mau sejatine alon-alon atine wis kabukak kanggo Rouse. Sing maune kekitrang, cukeng, ora bakal nampa Rouse dadi bojone Jarot krana polahe wanita mau sadurunge, wiwit bisa senajan durung tumus jroning ati. Ananging wis ana owah-owahan sing nyenengake. Ora katon maneh serik lan sengit yen pinuju kepethuk dheweke. Gelem sapa aruh kanthi ulat ajer ora kaya jaman isih manten anyar biyen sing anane mbethathut, njuntrut ajer wong kabelet bebanyu polatane. Yen ta dumadakan saiki kudu ngaturi maratuwane supaya nembung njaluk Lastri marang Pak Suradi, apa ora malah dadi prekara anyar? Bisa-bisa Rouse bakal didhupak dadi mantu. Rouse wis weruh sapa Pak Suradi iku. Saka critane Jarot sing ora liya ya bojone, dheweke weruh. Sejatine Suradi aliyas Rodhek iku bapake Jarot. Bapak cer, turas getih. Pak Sanidi sing kecathet ana surat kelairan mung bapak akon-akon. Piye anggone arep ngomong supaya maratuwane gelem mara menyang omahe wong lanang sing biyen tau nglarani atine? Rouse ora bakal kuwawa.
Parandene Pak Suradi ora adoh kaya Rouse. Punjere masalah ana pawongan padha. Siti Maimunah ya maratuwane Rouse sing tau dadi korban ruda peksane jaman dheweke kondhang jeneng Rodhek biyen. Wanita sing diguwang sawise diisep madune tumekane dadi Jarot. Dilungsurake Sanidi krana dianggep ora sadrajat. Piye anggone arep ngadhepi?
Eling limang taun kepungkur tanpa diweruhi sadurunge kepethuk klawan wanita mau. Dheweke ngeterake Rouse menyang Wajak. Kaya macan keluwen weruh kidang kae polatane. Pengin nuweg-nuwega nganggo kuku bakal sinembret-sembret njleput panyawange marang dheweke. Abote kaya nyunggi lumpang kentheng rasane. Lumpang gedhe saka watu wungkul.
"Aku ora janji. Nanging arep daupayakake, Dhik!" ujare Rouse sawise suwe anggone mikir. "Yen ta ana kuwanenanku, ndilalah piyambake uga kersa, dakjaluk timbangane, Pak!" kandhane marang Pak Suradi sing jenjem katon mikir. "Aja mlayu saka kasunyatan ya!" welinge marang wong lanang mau.
"Muga-muga thukul kewanenanku," sumaure wong lanang senajan kanthi kepeksa.
Rouse nuli pamit mulih menyang Tulungagung. Srengengene wis nggliwang. Anggone mara menyang Bendo uga ora kandha Jarot sing mesthine dina iki wancine mulih saka kirim iwak menyang Jakarta.
*
Montor Honda Suprane digelak tumuju kutha Tulungagung sing mapan sakidule Kediri. Rouse sengaja liwat Praliman Gumul mangidul tembus Wates. Adate yen menyang Tulungagung biyen-biyene liwate Katang mangidul rumah sakit Baptis. Ngulon tembus alun-alun. Menggok Ngiwa protelon Ngronggo bablas Ngidul Ngadiluwih, Ngadirejo, Kras bablas ngidul wis Pojok, Ngantru mlebu tlatah Tulungagung. Naging iki ora. Rouse seja liwat dalan etan mengko tembuse Sambi, ngidul maneh Wonodadi Blitar. Sedyane arep nambang prau tambangan Pucung Lor. Munggah tambangan wis desa Bukur oleh saelore desa Sumberdadi, Sumbergempol, kos-kosane.
Rouse lagi tekan dhukuh Mlathen Desa Pucung Lor nalika saklebatan weruh Trimo. Bocah mau lagi mlaku ngalor parane. Sajake jaka mau mentas munggah saka prau tambangan sing nugel kali Brantas.
Beginilah rasanya ditinggal kekasih
Beginilah rasanya ditinggal kekasih
Pikiran tak tenang selalu terbayang
Pikiran tak tenang selalu terbayang
Saka lambene keprungu tetembangan lawas. Rouse ora weruh iku lagune sapa. Mung dheweke tau krungu tembang lawas mau saka tembangane Pak Kemi sing owah pikire krana ditinggal mati sing wedok.
"Mo! Mo!" undange Rouse marang jaka tuwa mau. "Arepe nyangendi?"
Trimo ora sumaur. Mung nyawang Rouse sedhela kaya ora tepung wae. "Ha ha," Gumuyu rong ucap banjur mlaku maneh.
"Piye ta ki? Awakmu kok mlaku? Arep menyang ngendi?" Rouse ngrasa aneh weruh Trimo ora kaya padatan. Padatane jaka tuwa mau grapyak lan mesthi sapa aruh karo dheweke merga Jarot bojone iku kanca rakete ana Wajak. Nanging iki kok, aneh? Batine Rouse. "Montormu Kaze nek ngendi?" takone Rouse.
"Takguwang!"
"Koguwang piye lo?"
"Bengsine entek. Montor ra kenek diengge, guwak ae!" sumaure Trimo entheng.
"Ana ngendi lehmu ngguwang?"
"Kidul kali kuwi. Kulon kuburan Bukur. Peken lek arep!" banjur mlaku maneh.
Rouse lagi mudheng. Jaka iku owah pikire saiki. Krana kentekan bensin, montore dibuwak.
Ana candhake
Restorasi
Tepising Mursal
(55)
dening Jebe
"Moo!" celuke Rouse marang jaka sing mbacutake lakune. "Iki piye ta, kiih? Montormu piye lek ilang?" Njagangake sepedhah montor nuli mlayu nututi, "Kandekna kridhitane ae udhung pones?" aloke Rouse krana weruh mentas wae montor mau anggone ngreyen saka toko kanthi ngridhit. Astrea 800 duweke biyen digawe uang muka.
"Ya men. Lek ora kenek dienggo ngge apa?" saurane Trimo. "Mbok sing pinter ta, Mbak, awakmu! Iki dingge!" Tangane nyuding sirah tandha Rouse dikon mikir. "Aja-aja sampeyan kislim ya? Ora isa mikir waras?"
"Astagfirullah," Gumune Rouse. "Apa ora kuwalik ta, Mo?" aloke nggleges. "Kowe wis owah pikirmu apa piye?"
"Eee, orak, ya! Aku waras, delengen!" Awake munyer pamer sandhangane.
"Dhuh Gusti!" Rouse lagi weruh. "Iku kulote simbokmu sing kogawe. Tobaaaat! Iki apa?" Tangane nyilakake klambi Pramuka sing digawe. "Centhinge Mbok Min. Mooo! Eling Moooo!"
"Hasdhug iki, Mbak. Aku arep nyusul Asih nyang Mayangan kana lo. Arep takjak mulih," sumaure entheng. "Bocahe saiki sekolah es-em-pe ana kana. Arep taksusul."
"Sapa Asih iku?" Rouse bingung ora mudheng sapa bocah mau.
"Anakku ta? Anak gawane Jarwati bojoku."
Rouse ngelus dhadha krungu saurane Trimo sing katone nglayung temenan. "Eling, Mo! Bocahe iku lo isih ana Jember."
"Ora!" sumaure Trimo mandhes. Panyawange dumadakan tajem medeni. "Paling iri awakmu, Mbak? Iri merga ora nduwe anak anak karo Jarot. Iya ta? Wedi sedhela maneh dikonpegatan karo Mbok Siti. Jelas iku!"
Kaya didhodhog atine Rouse awake dipal Trimo mangkono. Kanca-kancane Jarot weruh perjanjene Jarot lan Mbok Siti nalika Jarot taren arep ngrabi dheweke. Salah sijine isine yen setaun ora nduwe anak, Rouse kudu dipegat. "Ya wis lah, karep-karepmu kono," clathune Rouse mangkel atine diwadani jaka mau. "Ngge apa ngurusi wong liya!" Ninggalake Trimo bali menyang sepedhah montore nuli tumuju babagan prau tambangan.
Tekan tambangan praune Pak Atim sing nugel kali Brantas wong wis padha umyeg.
"Wonge tas ngalor nyebrang," Pak Atim tukang tambang sing omahe Bukur ngomong. "Ditakoni Bas, jare arep nyang Mayangan. Nyusul anake."
"Dhuwite akeh. Didudohne aku eketan ewon sagendhel," clemonge Basuki tukang tambang sijine. "Taksusuki ora arep kok. Ora gelem nampani malah ngamuk. Aku arep dijegurne kali."
"Rejeki no?" takone Pak Man sing nduwe gis*k kali kono.
"Ya ngesakne ta. Nambang limangatus, dhuwite seketan ewon. Hla, iki lo dhuwite s*k utuh," Bas nuduhake dhuwit warna biru seketan ewon. "Ngakune wong Wajak kana lo! Tanggane Jebe sing gaene njala neng blumbanganmu kae lo, Pak Man!"
"Mosok ta?" cluluke Pak Man.
"Iya! Wong wis nggenah karo bojone Jebe sing gawene dijak njala kae kok," clemonge Pak Atim nimpali omongane Basuki.
"Aku wis eruh omahe Jebe. Apa penake aku rana ae ya? Ngesakne, montor anyar diglethakne saenggen-enggen," ujare wong lanang setengah umur mau. "Sapa jenenge ngakune?"
"Kok ya lali aku mau ora tatakoni," sumaure Basuki.
Rouse sing krungu tukang tambang lan wong sing nduwe beran mau ngomongake Trimo, banjur cluluk. "Trimo, Pak. Jenenge Trimo."
"Sampeyan apa Wajak?" takone Pak Man.
"Sumbergempol, ning bojoku Wajak. Mau aku kepethuk neng lor kono. Sandhing daleme Mbah Sipan."
"Kok kenal Mbah Sipan?"
"Mbah buyute bojoku Mlathen kono. Iku lo sing nduwe wit sawo. Mulane aku weruh," blakane Rouse. "Wis aku takbablas nyang Wajak mengko. Takabarane Mbok Min lan Pak Toyo bapake. Trimo isih anyaran olehe ngono."
"Ngesakne ya! Ketoke kemungkrung bojo," timpale Basuki tukang tambang.
Rouse bablas menyang Wajak saprelu ngabari Pak Toyo lan Mbok Min. Wong tuwane loro kaget. Anake mau pamit menyang pasar Gambar sing ana Wonodadi, Blitar. Ngeterake dagangan kripik tempe mengko mulih mampir Togogan, Srengat kulakan tela rambat kanggo camilan kripik. Nanging iki dikabari mlaku tanpa tujuwan ana lor kali Brantas. Durung genah ana ngendi dagangan kripik tempene. Nanging sepedhah montore wis jelas ana Bukur.
"Mbok ya aku diterke melu Toyo karo Min ta, Ndhuk!" ujare Mbok Siti marang Rouse nalika wong tuwa mau weruh kekarone gandhengan sepedhah montor tumuju Bukur.
"Mangga, Mbok!" sumaure Rouse katon yen seneng. Lagi iki maratuwane mau gelem kongkon dheweke supaya nggandholake. Sadurunge ora tau. Aja maneh gelem kongkon, takon wae mung saprelune.
"Aja banter-banter ya! Mbokmu ora tau numpak udhug ngono iku."
"Mpun kuwatos, kula mboten nate banter."
"Pol, playune satusaket ae. Yen ngebut awas!"
Rouse mung mesem senajan pengin ngakak krungu omongane Mbok Siti satus seket pol playune. Nanging diampet krana Rouse paham yen maratuwane mau salah krungon. Bokmenawa seket tegese playune, ora satus seket kaya sing diucapake.
Sore iku uga Mbok Siti digandholake mantune mau nututi Pak Toyo lan Mbok Min menyang Bukur. "Apa durung isi-isi ta, awakmu?" takone Mbok Siti marang mantune nalika tekan Doropayung. "Arep takbarke ae, Nduk. Ngenteni Jarot mulih."
Rouse kaya kasamber bledheg kagete krungu kandhane maratuwane. Wanita mau weruh yen wayahe meh teka. Kurang sesasi pas. Setaune anggone rabi klawan Jarot wis pendhak sasi Sapar ngarep. Lan saiki maratuwane takon marang dheweke babagan wetenge sing durung isi-isi.
"Aku getun, Ndhuk! Sumpah getun, mulane tabarake arepe," kandhane maneh nalika pas ngarep baledesa Wonorejo.
Rouse cangkeme krasa kecut. Kaya ngemut asem wae rasane. Ora wani ngomong senajan mung sakecap. Anane mung pasrah apa sing arep dumadi. Wis siyap sawayah-wayah wong tuwa mau ngongkon anake megat dheweke.
"Sing takwedeni mung siji kok, Nduk. Yen aku cukeng njaluk Jarot kudu nduwe anak, aku wedi awakmu ngolehi cah kuwi wayuh. Aku paling benci enek wong lanang wayuh. Aja kokolehi bocahe wayuh. Aja oleh! Marai bubrah kabeh! Mula takbarake perjanjenku karo bojomu. Ora nduwe anak, ora dadi apa," guneme Mbok Siti sabanjure.
Rouse ora ngira babar-pisan maratuwane bakal kandha mangkono. Kamangka Rouse mau niyat sareh-sareh bakal ngrimuk maratuwane supaya nglamar Lastri kanggo bojo enome Jarot supaya Jarot ora sida dikongkon megat dheweke. Apa iki ora salah krungon? Batine.
Ana candhake